B. Daerah

Pertanyaan

Sinawung resmining kidung. Tembung linggane sinawung yaiku …...

1 Jawaban

  • Sinawung resmining kidung. Tembung linggane sinawung yaiku sawung.

    Pembahasan:

    Tembung lingga yaiku tembung sing durung oleh imbuhan utawa tembung kang wutuh, ing bahasa Indonesia tembung lingga uga disebut kata dasar. Tembung sinawung ing soal mau kelebu tembung andhahan. Tembung andhahan yaiku tembung sing wis owah saka asale merga wus oleh imbuhan. Tembung sinawung sing asale saka tembung lingga sawung. Tembung sawung oleh seselan "in" banjur dadi sinawung. Seselan yaiku imbuhan (Wuwuhan) kang manggon ana ing tengahe wanda.

    Jenise Wuwuhan:

    • Ater-ater: Wuwuhan kang manggon ing ngarep.
    • Seselan: Wuwuhan kang manggon ana ing tengah.
    • Panambang: Wuwuhan kang ana ing samburine tembung.
    • Campuran: Wuwuhan kang ana ing ngarep lan burine tembung.

    Pelajari lebih lanjut >>

    • Materi soal tembung andhahan => https://brainly.co.id/tugas/38208904
    • Tembung linggane dakdongaake => https://brainly.co.id/tugas/39520542
    • Materi jinise tembung => https://brainly.co.id/tugas/37273040

    ============================================================

    Detail Jawaban:

    Kelas: -

    Mapel: Bahasa Daerah - Bahasa Jawa

    Bab: Tembung

    Kode soal: 13

    [tex] \: [/tex]

    #AyoBelajar

Pertanyaan Lainnya