Paugerane tembang sinom yaiku...
Pertanyaan
1 Jawaban
-
1. Jawaban aischusniati15
Jawaban :
Paugeran tembang sinom yaiku :
- Guru gatra : 9 gatra
- Guru lagu : a, i, a, i, i, u, a, i, a
- Guru wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12
Penjelasan :
Tembang Sinom
Tembang sinom iku kalebu salah sawijining tembang macapat utawa tembang cilik (sekar alit). Sinom nduweni teges isih enom. Sinom nyritakake kedadeyan babagan jabang bayi ingkang sampun berkembang dadi remaja kasenengane wong tua lan keluarga. Remaja ingkang sampun ageng namung sinau masalah urip taksih angel. Ugi pengalaman taksih kirang kathah. Rumangsa menungsa taksih enom uripe sering salah kaprah.
Watak :
- Grapyak
- Semangat
- Wicaksana
- Kadang sedhih
- Uga saged seneng
Tuladha Tembang Sinom :
Sinom
Tuladha laku utama
(Contoh perilaku kang utama)
Tumprape tiang ing tanah Jawi
(Kanggo wong ing tanah Jawa)
Wong agung sangking Ngeksiganda
(Wong gedhe saking Ngeksiganda/ Mataram)
Panembahan Senopati
(Panembahan Senopati)
Kapati amarsudi
(Tekun sanget usaha)
Sudane hawa lan nepsu
(Ngurangi hawa lan nafsu)
Pinepsu tapa brata
(Ngangge cara perilaku prihatin lan tapa)
Tanapi ing awan lan wingi
(Ingkang dilakokake awan lan wengi)
Karyenak amangun ketentreman manahipun sesami
(Nggawe karya mbangun katentraman ati sesama)
Paugeran Tembang Sinom :
Paugeran yaiku aturan kang kudu ditaati yen ndamel tembang macapat.
1. Guru gatra yaiku paugeran cacahing larik saben sapadane tembang.
- Tembang sinom gatrane wonten 9 gatra.
2. Guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra utawa huruf vokal terakhir saben gatra (larik).
- Tembang sinom guru lagune : a, i, a, i, i, u, a, i, a
3. Guru wilangan yaiku wewaton cacahing wanda utawa suku kata saben sagatra.
- Tembang sinom guru wilangane : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12
Gancaran Tembang Sinom :
Dadi remaja kudu saged njalanaken awal penguripan. Kudu saged njaga hawa nafsu kang arupa amarah, nafsu marang lawan jenis, nafsu saking sifat males, utawa nafsu marang serakahe dunya. Yen menungsa saged njaga hawa lan nafsu mau, mesti bisa dadi wong kang wicaksana, anggawe ati tentrem lan urip uga tentrem.
»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»»
Pelajari Lebih Lanjut :
Jenis-jenis Tembang
- https://brainly.co.id/tugas/5387366
Detail Jawaban :
Mapel : Bahasa Jawa
Kelas : 8
Materi : Tembang Sinom
Kode kategorisasi : 8.13
Kata kunci : Pengertian, watak, tuladha, paugeran, lan gancaran tembang sinom.
#Optitimcompetition