B. Daerah

Pertanyaan

Contoh surat bahasa jawa bertema tahun baru

1 Jawaban

  • Pembukaan Pidato Tahun Baru :

    Assalamualaikum Wr. Wb.
    Nuwun panjenenganipun Bapak/Ibu para sesepuh, pinisepuh ingkang tansah kula bekteni, saha para kanca ingkang kula tresnani.

    Puji syukur, sumangga kita aturaken dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Welas Asih. Awit saking rahmatipun kita sedaya tansah pinaringan kawilujengan, saengga saged mekampel wonten papan menika. Saperlu rawuh wonten ing acara malem pangetan mapag warsa enggal 1 Januari 2017.
    Isi Pidato Tahun Baru :

    Tahun 2016 sampun kita lampahi kanthi tumindak ingkang sae, menapa ingkang awon. Tumindak sae lan awon kala wau kedah kita dadosaken kaca benggala kangge taun-taun salajengipun. Tumindak ingkang sae kedah kita tansah dadosaken tuladha, dene tumindak awon kedah kita tilar ampun ngantos kita ambali malih ing taun salajengipun.

    Tumrep para kanca ingkang dereng saged sinau ing pawiyatan kanthi tumemen, mugi-mugi ing warsa enggal mangke saged tumemen anggenipun ngangsu kawruh langkung sregep ampun kesupen tansah, ndedonga maring Gusti Allah saengga keparingan gampil samudyanipun lan pikantuk biji ingkang maremaken.
    Penutup Pidato Tahun Baru :

    Para rawuh ingkang minulya, naming menika ingkang saged kula aturaken, kula nyuwun agunging pangapunten.

    Pungkasaning atur, mangga kita sedaya nyenyuwun mugi ing warsa enggal samangke kita tansah pinaringan kasaringan, kawilujengan, saha barokahing Gusti Allah ingkan Maha Agung, lan saged nggayuh sedaya ingkang dereng saged kalampahan. Amin. Matur nuwun.

    Wassalamualaikum Wr. Wb.




Pertanyaan Lainnya